Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Gunging Umat Den Samio Ngimanaken - KIM CITRA TARUNA KENANGA

Breaking

KIM CITRA TARUNA KENANGA

Komunikatif, Informatif, Peduli Masyarakat

test banner

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Thursday 9 April 2015

Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Gunging Umat Den Samio Ngimanaken

GUNGING UMAT DEN SAMIO NGIMANAKEN


Lirik :



SIFAT PAPAT
( Kisah Mi’roj Rosulullah )

GUNGING UMAT DEN SASMIO NGIMANAKEN
SIFAT PAPAT INGKANG MUNGGUH ING YANG WIDI
DIHIN JALAL JAMAL KAPING TRI KAMAL
LAN KAPING PING ‘PAT QOHAR, IYO IKU KANG TUMEMEN


Nguwoh-nguwoh Joboroil minto lawang
wus winengan tandyo manjing kekalehnyo
Kanjeng Nabi lumiyah ing malaikat
Kang langkung katahiro samiyo memuji ing Alloh

Lumastantun tindak iro kanjeng nabi
aningali sagunging kaelokan
kliling-kliling tyas ngelangut kalenglengan
leng-leng geng wulangun ing galih iro lir kakalem

Tandyo mulat malaikat anjenggureng
amethentheng bureng netranyo mentheleng
anjengkileng banter tur mangureng-ureng
tansah semu sereng jenggotiro ageng bureng

Mulat-mulat malaikat langkung aneh
anyeleneh giyat lan kang akeh-akeh
anyerwenteh tan rengu dalam asumeh
goreh lelumbeh ngungeh juweh mulah malih

Mulat maleh malaikat langkung lirih
Ngliring gerih tinon pating ceringih
Seruning ringkih kongsi pateng prembih
Briyih – briyih benu Brapso pulih

Tandyo lajeng tindak iro kanjeng nabi
Aningali kekayon kalangkung ageng
Pucukiro ngantio sundul ing ’Arasy
Ayom iro ngantio masyriq-maghrib kibukan
 

No comments:

Post a Comment

Post Top Ad

Responsive Ads Here