Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Alon-alon - KIM CITRA TARUNA KENANGA

Breaking

KIM CITRA TARUNA KENANGA

Komunikatif, Informatif, Peduli Masyarakat

test banner

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Thursday 9 April 2015

Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Alon-alon

ALON-ALON



LIRIK :


ALON – ALON
( Isro Rosulullah )

HEEE ALON-ALON YOLAKUNE
ALON-ALON-ALON JABAROIL ALON
YEN KUSANDUNG YEN KUSANDUNG
BADAN ALUS MANDEK MAYONG
( Alloh ) Gusti Rosululloh


Heee… duh miyarso – burok langkung ajrih
Mandek sujud alon – Jabaroil matur
Duh jeng Nabi anitio – Burok kang langkung lenggono
( Alloh ) Gusti Rosululloh

Heee… mator malih – Jibroil m’ring Nabi
Kersane Yang agung – tindak tuan mangke
Anjujuko ing Baitul Muqodas – kepanggiyo poro ambiyo 
( Alloh ) Gusti Rosululloh

Heee… Nanging mangke – yen wonten ing margi
Sembarang kang – katon tuwin kg karungu
Mugi sampun tuan galih – pomo-pomo atur kawulo 
( Alloh ) Gusti Rosululloh

Heee… Tandyo mangke – Jeng Nabi wus nitih
Peksi burok alon – lampahnyo lir ndaru
Kapungkure Baitul Harom – cinarito aneng margo
( Alloh ) Gusti Rosululloh

Heee… Ono sworo – gumeling kapiyarsi
Nguwoh mring Jeng Rosul – neng kiwane ngono
Duh Jeng Nabi anuturo – margo kang menggok mengiwo
( Alloh ) Gusti Rosululloh

Heee… yekti tuan – ing mangke kesasar
Dhuh karo atur ulun – mbok temah keblasok
Margo ingkang tuan ambok – ing ngajeng kathah sasaran
( Alloh ) Gusti Rosululloh


No comments:

Post a Comment

Post Top Ad

Responsive Ads Here