Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Khotaman Nabi - KIM CITRA TARUNA KENANGA

Breaking

KIM CITRA TARUNA KENANGA

Komunikatif, Informatif, Peduli Masyarakat

test banner

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Post Top Ad

Responsive Ads Here

Thursday 9 April 2015

Group Seni Gembrung Khotaman Nabi Masjid Nur Huda Winongo - Khotaman Nabi

KHOTAMAN NABI



Lirik Khotaman Nabi


KHOTAMAN NABI
( Mi’roj Rosulullah )

KHOTAMAN NABI ROSULULLOH
MUSTOFALLOHI MUHAMMAD
‘AJAM – ‘ARBI ROSULULLOH
MUKHTARULLOHI MUHAMMAD
GUSTI NABI ROSULLULLOH
HABIBULLOHI MUHAMMAD


Nyariosaken mi’roje jeng – Dutane yang kalane
Ning sa’jroning Baitul Harom – ba’do ‘Isyak wancine
Nuju wulan Rojab kaping – pitu likur tanggale

Bubar sagung kang sholat njeng – Rosululloh mung dewe
Tandyo wonten jundakane – Yang sukmono ngarsane
Sang Jibroil uluk salam – giyo jinawab salame

Malih nabdo sang Jibroil – mring jeng Mustofa jatine
Prapto hambo dinutonga – ‘Azza wa-Jalla ngarsane
Tuan kinen minggah dating – deneng Jalal mung dewe

Pinaringan kamulyan lan – kinen miyat sagunging
Kaelokan kagungane – Yang Sukmono jatine
Bumi sarto langit sapto – lan samudro kabehe

Kang poro nabi kulluhum tan – kadiyo tuan mulyane
Miyang sepengker tuan tan – ono kang mimbar luhure
Mung paduko samudwrining – neng tri buwono samangke

A-sholato dwi raka’at – dipun ikhlas tandange
Jeng Mushtofa sujudte tan – ngantio roka’at ba’dane
Jabaroil nyandak astonyo – Jeng duto ginandeng

Ing aturan miyos ing natar – baitulloh praptane
Haebat mulat ing natar kibun – kang malaikat anggembel
Tanpo wilang gumuruh – ngungkuli salam arane
 

No comments:

Post a Comment

Post Top Ad

Responsive Ads Here